Unggah-ungguhing Basa Jawa

Sakathahing tiyang sepuh saha para pandhemen basa Jawi sami kuciwa saha prihatos ngawuningani bilih kaprigelanipun para nem-neman (generasi muda) tumrap unggah-ungguh basa sangsaya kirang. Sangsaya dangu trep-trepan unggah-ungguhing basa Jawi punika sangsaya mutawatiri, langkung-langkung cak-cakanipun basa krama saha krama inggil. Asiling panaliten para nimpuna saking Program Pascasarjana UNS Solo, ing taun 2007 ngandharaken bilih pamahaman utawi panguwaosan para nem-neman tumrapipun rakitaning tembung ngoko, krama, lan krama inggil kagolong andhap, inggih punika kirang saking skore 40 (skore 0—100). Perkawis punika jumbuh kaliyan cak-cakanipun unggah-ungguh basa ingkang leres ugi kirang saking skore 40. Sinaosa para nem-neman taksih tepang kaliyan tembung ngoko, krama, saha krama inggil (mangan, nedha, dhahar; turu, tilem, sare), kathah-kathahipun boten saged ngecakaken kanthi leres ing salebeting ukara punapadene tetembungan sanesipun. Asil panaliten punika dipunandharaken dening pangarsa Program Linguistik S-3 Pascasarjana UNS, Prof Dr Edi Subroto, dhumateng para dwija basa Jawi satalatah Solo ing salebeting pirembagan kanthi tajuk Focus Group Discussion: Penyusunan Pedoman Tingkat Tutur Bahasa Jawa, Kemis (29/5).
Kirangipun kaprigelan para nem-neman punika kajurung kaliyan sakathahing perkawis. Sepisan, tiyang Jawi sami condhong migunakaken basa Indonesia ingkang dados basa nasional utawi basa resmi negari tinimbang migunakaken basa Jawi. Wosipun sakathahing tiyang kedah saged ngginakaken basa Indonesia ing salebeting bebrayan nasional. Basa dhaerah, kalebet basa Jawi, namung kangge sarana ing bebrayan khas dhaerah, kangge upacara tradhisi, ritual Jawi, saha seni tradhisional ingkang ugi sangsaya awis kaleksananipun. Kagiatan informasi saha komunikasi saben dinten kanthi sarana radio, televisi, saha kalawarti kathah-kathahipun ugi kanthi basa Indonesia utawi Melayu Betawi. Kaping kalih, bilih ing salebetipun kulawarga Jawi, tiyang sepuh ing saben dintenipun boten (saged) nggatosaken basanipun para putra wayah, langkung-langkung tumrap basa krama saha krama inggil. Kaping tiga, kathah-kathahipun tiyang sepuh sami nguja pikajenganipun para putra wayah anggenipun milih basa, basa Indonesia, basa Jawi, utawi saged ugi basa campuran. Punika ingkang dipunwastani kebocoran diglosia. Awit saking punika para putra wayah boten mangertos basa Jawi ingkang jumbuh kaliyan trapsila, langkung-langkung anggenipun migunakaken basa krama utawi krama inggil ingkang trep tumrap tiyang ingkang kedah dipunajeni. Kaping sekawan, upacara tradhisi kadosta pawiwahan, punapadene serat-serat sedhahan sapanunggilanipun ing wekdal punika kathah ingkang migunakaken basa Indonesia.
Dene faktor sanesipun ingkang ugi ndherek nyengkuyung kiranging seserepanipun para nem-neman ingkang tundhanipun ngirangi mutu cak-cakanipun unggah-ungguh inggih punika mbrosotipun kamongkokanipun tiyang Jawi tumrap basa Jawi; kirangipun kasadharan tumrap norma kasusilan; kirang limrah anggenipun ngginakaken saengga ajrih manawi lepat, pramila para kaneman langkung remen ngginakaken basa Indonesia, pamrihipun supados langkung aman saha boten badhe kasaru ing tiyang sanes manawi wonten lepat ing babagan krama utawi krama inggilipun.
Kula kinten murih jumbuh kaliyan kuncaraning kitha budaya Surakarta punika, kathahipun tiyang Jawi saha pamarentah boten sarujuk manawi basa Jawi kecalan Jawinipun, ingkang ateges kecalan tata kramanipun ingkang kapacak ing unggah-ungguh. Wekdal punika unggah-ungguhing basa Jawi sampun mutawatiri. Pramila awit saking punika kedah wonten rekadaya murih lestarinipun unggah-ungguh basa. Ingkang langkung wigati langkung rumiyin kedah wonten kasadharan saha raos mongkok saking sadengah tiyang Jawi anggenipun ngginakaken basa Jawi ingkang jumbuh kaliyan cak-cakanipun. Salajengipun dipungegulang supados manuh (terlatih) ngginaaken basa Jawi. Ingkang sepuh dadosa tuladha tumrap para nem-neman, ingkang nem ugi samiya purun nuladha ing sesepuhipun. Ingkang baken sadaya kedah kersa nglelantih ngindhakaken seserepan unggah-ungguh punika. Mila awit saking punika pamarentah kersaa ndherek cawe-cawe nyengkuyung bab punika kanthi nyamektaaken ubarampe kadosta ngawontenaken pedhoman unggah-ungguhing basa, paramasastra, saha sanes-sanesipun ingkang tundhanipun saged murakabi saha nggampilaken para kaneman anggenipun badhe nggegulang bab unggah-ungguhing basa.

About these ads

There are no comments on this post.

Berikan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.

%d blogger menyukai ini: