Basa Jawa Kanggo Skripsi, Piye?

Kepriye yen nulis skripsi nganggo basa Jawa?

Ing pawiyatan luhur saben mahasiswa supaya bisa lulus gelem ora gelem kudu gawe tugas akhir sing kerep diarani skripsi. Gawe skripsi mujudake pakaryan kang ora gampang, amarga kudu didhasari kanthi panaliten sing pener lan bener miturut paugeran ilmiah. Paugeran ilmiah iku mengku sipat jumbuh karo kanyatan sabenere utawa objektif, dudu pamikirane dhewe, bisa ngudhari masalah kanthi metodhe sing sistematis, lan basane kudu runtut, baku, lan terwaca. Mengkono saora-orane syarat supaya skripsi bisa kawujud. Perkara kaya mangkono iku wis ora dadi masalah tumrap mahasiswa tingkat akhir amarga cara lan metodhe nulis skripsi sing bener wis dibimbing karo para dhosene dhewe-dhewe, apa maneh tumrap mahasiswa basa lan sastra.

Ing Indonesia wis maewu-ewu skripsi ditulis, jumbuh karo jumlahe sarjana sing wis kasil ngrampungake kuliyahe. Basa skripsi sing lumrah digunakake kanggo pratelan yaiku basa Indonesia. Ana skripsi sing nganggo basa Inggris, basa Arab lan basa manca liyane. Akeh-akehe basa manca digunakake ing skripsi sing pancen dadi jurusane kuliyah, kayata jurusan basa Inggris oleh nganggo pratelan basa Inggris, jurusan basa manca liyane uga ngono, nganggo basa pratelan sing jumbuh karo jurusane. Panganggone basa kaya mangkono iku wis trep karo Undang-undang Sistem Pendidikan Nasional bilih basa pratelan ing pamulangan nasional iku nganggo basa Indonesia. Basa dhaerah lan basa manca bisa digunakake manawa pancen bisa nyengkuyung pamulangan basa. Kanthi dhasar iku mesthi wae universitas sing ndhuweni jurusan basa Jawa, utawa pendhidhikan basa Jawa bisa paring kalonggaran marang mahasiswane supaya nulis skripsi nganggo pratelan basa Jawa, ora kudu nganggo basa Indonesia. Nganti saiki skripsi sing nganggo pratelan basa Jawa kaya-kaya durung ana. Apa tumon?

Para pandhemen basa Jawa, apa maneh para dwija lan para dhosen ing pawiyatan luhur, mesthi wae duwe pamawas sing luwih prayoga kepriye manawa skripsi iku ditulis nganggo basa Jawa. Ancase ora ana liya mung sadrema nguri-uri basa Jawa lan ing tundhane bisa urip ngrembaka kaya dene basa-basa liyane, kayata basa Indonesia, lan basa Inggris. Basa Indonesia sing saiki dadi basa nasional kita wis diakoni dadi basa sing gedhe sing akeh panuture. Ing wektu saiki bahasa Indonesia wis diwulangake ing 45 negara manca, kalebu ing Australia. Malah akeh para sarjana basa Indonesia sing saiki misuwur lulus saka Universitas Leiden, Walanda. Basa Indonesia diangkah bisa dadi basa Internasional kaya dene basa Inggris. Mula ora ana sarune menawa ana pangangen-angen kepriye carane supaya basa Jawa iku bisa padha kalungguhane karo basa Indonesia utawa basa Inggris. Bombong ta?

Nglelantih kaprigelan basa
Basa Jawa iku pancen angel panganggone, yen durung kulina. Apa maneh yen kudu ngetrepi unggah-ungguh sing maneka warna. Mula saperangan warga banjur ninggal pakulinane nganggo basa Jawa ganti nganggo basa Indonesia utawa basa Inggris. Umume padha wedi salah ngetrepake unggah-ungguh. Kamangka “witing tresna jalaran saka kulina”. Yen wong Jawa ora kulina nganggo basa Jawa, ora bakal tresna marang basane dhewe. Manut andharane Profesor Edi Subroto ing sawijining panalitene, anane generasi nom Jawa ora bisa nggunakake basa Jawa kanthi bener iku amarga akeh-akehe nom-noman ora kenal lan ora kulina karo tembung-tembung ngoko, krama, lan krama inggil apa meneh ngetrepake tembung-tembung mau ing unggah-ungguhing basa saben dinane. Akeh-akehe wong tuwa ya wis padha ngejarake para putrane nganggo basa Indonesia amarga basa Indonesia bisa nyengkuyung pasinaone. Saliyane kuwi kompetensi guru basa Jawa ing sekolah durung nyukupi. Coba tilikana ing blog-e edisubroto.staff.uns.ac.id!

Nulis skripsi nganggo basa Jawa saora-orane bisa nglelantih kaprigelan basa Jawa tumrap mahasiswa jurusan pamulangan basa Jawa. Mahasiswa saliyane otomatis bisa nglelantih kagunane basa, uga bisa praktik ngudhal paramasastra kanthi genep lan trep. Prakara-prakara basa sing rumpil bisa dimangerteni kanthi bimbingane para dosen. Kanthi kaprigelan iki yen wis dadi sarjana basa Jawa ora nguciwani menawa ambyur ing madyaning bebrayan, sing dadi guru uga kompetitif, sing dadi wong tuwa uga bisa paring tuladha putra-putrane. Aja nganti ana sarjana basa Jawa sing ora bisa nganggo basa Jawa kanthi luwes. Yen nganti ana ngisin-isini tenan.

Manpangate kanggo warga
Manawa skripsi jurusan basa Jawa ana sing nganggo basa Jawa, mesti akeh manpangate. Saliyane kanggo nglelantih ketrampilan basa uga bisa ndadekake bombonging panutur basa Jawa ing ngendi wae. Rasa mongkok mau bisa mantepake kalungguhane basa Jawa ing bebrayan, sing tundhane bisa dadi pangeram-eram lan kakendelan nganggo basa Jawa. Tenan ta?

Perlu dimangerteni mbokmanawa bisa nambahi bombonging sutresna basa Jawa bilih warga sing nganggo basa Jawa wis sumebar nganti manca negari. Ing Indonesia basa Jawa digunaake nganti meh setengah warga Indonesia, yaiku udakara 100 juta warga. Cacahing warga semono mau ora mung mapan ana ing Jawa Tengah, Jawa Wetan, lan Ngayogyakarta, nanging uga ana wewengkon pasisir lor Jawa Kulon, kayata ing Cirebon, Subang, Karawang, Tangerang, Serang sanajan ing papan-papan mau ora mligi nggunakake basa Jawa. Ing wewengkon Sumatra, basa Jawa digunakake ing Lampung, Bengkulu, lan saperangan Deli, Sumatera sisih lor. Ewadene ing tlatah Indonesia liyane basa Jawa digunakake para transmigran, utawa anak turune para pejuang sing disingitake ing nalika jaman Walanda, kayata anak turune Kyai Maja lan para panyengkuyunge ing Kampung Jawa Tondano. Saliyane ing Indonesia, basa Jawa uga digunakake ing saperangan warga Malaysia, Keledonia Baru, Aruba, Curacao, Walanda, Venezuela, Guyana, lan Perancis. Malah ing Suriname basa Jawa digunakake nganti 15% jumlahe warga ing negara kuwi. Dadi basa Jawa saiki uga ora mung digunakake ing tanah Jawa. Cacah semono akehe iku yen wis padha duwe kamareman nganggo basa Jawa bakal ngangkat drajate wong Jawa lan sing nganggo basa Jawa. Paribasane marang wong tuwa bisaa “mikul dhuwur mendhem jero” ngono.

Masalah
Supaya bisa kasil pamikiran iki mesthi wae akeh perkara kang kudu diudhari. Umume basa ilmiah iku nganggo basa baku. Nganti saiki sing diarani basa Jawa baku iku durung genah. Apa pamaos ana sing priksa? Yen bakune basa Indonesia iku mapan panganggone, yaiku basa sing dienggo ing tata cara resmi negara kayata pidhato kenegaraan, basa ing serat-serat resmi, lan basa ing laporan-laporan. Akeh-akehe basa Jawa sing dienggo ing tata cara resmi yaiku basa endah. Apa basa endah bisa dianggep basa baku? Kamangka saliyane basa iku isih ana basa ngoko utawa krama lan liya-liyane. Banjur basa sing endi sing digunakake kanggo pratelan skripsi? Ngoko wae? Krama wae? Ah, karepmu!

Ana saperangan pawongan nduweni panemu yen basa ilmiah iku kudu kacampuran basa-basa manca. Penggalihan kaya mangkono iku kurang bener. Asil panaliten ilmiah iku malah kepara kudu dipratelakake kanti basa kang gampang ditampa lan cetha. Kamangka sing mangerteni panganggone tembung-tembung manca iku mung sethithik. Pancen ana saperangan tembung manca sing durung ana padhane ing basa Jawa, utawa basa Indonesia. Tembung ngono mau isih bisa dienggo. Nanging menawa wis ana padhane ing basa pratelan, mesthine luwih prayoga lan trep karo kalungguhane basa. Upamane tembung wawancara utawa interview wis ana padhane ing basa Jawa ngoko wawangunem utawa krama wawanrembag. Tembung pendahuluan utawa introduction wis ana padhane purwaka. Tembung simpulan utawa conclusion sing durung ana padhane ing basa Jawa bisa tetep dienggo basa Indonesiane kanggo sawetara. Tembung-tembung sing durung ana padhane bisa digoleki kanthi tata cara pembentukan istilah basa Indonesia kaya dene sing wis dibabar Pusat Bahasa. Tembung-tembung angel mau bakal ketemu yen wis dipraktikake lan terus digoleki padhanne. Banjur iki tugase sapa?

Kanthi mangkono muga-muga sithik mbaka sithik basa Jawa bisa tetep ngrembaka lan kalungguhane bisa padha kara basa liyane. Tulisan iki mung kanggo “pangangen-angen” wae, kabeh gumantung sing kawogan ngesuhi.
Sumangga!

Kaandharake dening:
Irma Asrining Cahyorini
GTT Basa Jawa ing SMA Bulu, Sukoharjo. Alumni Jurusan Basa Jawa UNS sing skripsine ya isih nganggo basa Indonesia.

(Katrangan: tulisan iki wis tau dikirim marang kalawarti, nanging ora genah jluntrungane)

%d blogger menyukai ini: